Pertiwi iki sangsaya laya
Kaya dene manungsa kapangan yuswa
Tawang uga sangsaya tuwa
Nyuwun dimangerti dening manungsa
Nalika wulane ndadari
Lintang uga mula ngancani
Nanging bumi iki nangis keranta – ranta
Amarga ulah manungsa
Kanca, weruha sira marang kahanan kae ?
Bisaha sira ngrasaake larane ?
Bumi dak idak – idak sakpenake
Tawang nganti nangis upamane
Ayo, Kanca !!! Ayo, Kanca !!!
Acancut tali rasa !!!
Gandheng asta !!!
Lestarikake bumi kita !!!
Hayo,,,mudeng ora ?????????????
I about so, this is wery of use connection lolopalaza
Bue-bue!